berikut adalah contoh wawancara bahasa jawa yang pernah saya dan teman saya buat sekitar 4 tahun yang lalu untuk melengkapi mata pelajaran bahasa jawa SMA
Babagan “TATA TERTIB” ing SMA N 11 Semarang
Ita Ailifina dadi Narasumber
Siti Yuliana dadi seng Wawancarai
Babagan “TATA TERTIB” ing SMA N 11 Semarang
Siti Yuliana dadi seng Wawancarai
Ana : “Sugeng enjing Bu?”
Ita : “Sugeng enjing .”
Ana : “Asmane kulo Ana, Bu. Kula niki PPL saking Undip . Kulo mriki
badhe nyuwun pirsa kaleh
panjenengan bu .“
Ita : “Oh nggeh nok monggo . wes reti asmane ibu opo durung?”
Ana : “Sampun Bu , Ibu Ita nggeh? Saking guru Waka Kesiswaan nggeh
bu? “
Ita : “Iyo nok, bener . Kepriye , meh bahas babagan opo?”
Ana : “Babagan tata tertib ing SMA N 11 iki Bu.”
Ita : “Ben enak omong-omongane, ayo lenggah kono.”
Ana : “Nggeh Bu. Ibu niki dados
waka kesiswaan sampun pinten taun Bu.?”
Ita : “Wes 3 Taun , nanging taun sisuk ono rencana Ibu ora bakal
dadi waka kesiswaan meneh.”
Ana : “Lha punopo Bu?”
Ita : “Yo ngek’i kesempatan sing liyane supaya bisa dadi waka
kesiswaan to nduk.”
Ana : “Oh mekaten to Bu . Lha tata tertib niki sampun enten wiwit
kapan nggeh Bu?”
Ita : “jenenge tata tertib kui wes ono awit sekolahan iki di
bentuk . Nanging yo soyo suwi soyo akeh
perubahane nganti saiki . Perubahane soyo akeh ben murid soyo disiplin.”
Ana : “Punopo sebabe tata tertib niku dirubah Bu?”
Ita : “Nyesuekke perubahan jaman nok . Nek jaman ndhisik kan
bocah-bocahe gampang nganut, la
saiki bocah bocahe bae podo sembrono. Akeh seng orak manut . mulane tata
tertibe iku luwih ditegasake supaya murid murid iki luwih disiplin orak mung ning lingkup sekolahan nanging ning lingkup liyane
barang .”
Ana : “Tata tertib wiwit mbiyen ngantos sakniki seng tesih sami
niku punopo nggeh Bu?”
Ita : “Yo seng umum umum nok, kayata kerapian klambine,
kelengkapan klambine , iku kan umum banget . sing liyane yo kayata rambute dicukur rapi
.
Ana : “nek mekaten niku akeh mboten ingkang nglanggar bu?”
Ita : “Bocah-bocah seng isih awal mlebu lumayan akeh sing ngglanggar.
Ananging soyo suwi murid ing
SMA 11 iki soyo disiplin amarga wedi
karo hukuman hukuman sing di kei guru. “
Ana : “Hukumane sing nglanggar kui punopo Bu?”
Ita : “Yo poin nok , liyane dikei poin yo dikei hukuman koyoto hormat
ning ngarep bendera utawa
di skorsing ing pirang pirang dino.”
Ana : “Nek maringi poine niku kepriye Bu?”
Ita : “Poine niku macem macem kok. Nek ono bocah ketauan dolanan
HP pas pelajaran , poine 15 poin. Sing
pakaian rak lengkap iku dikandani ndhisik . Nanging nek isish tetep nglanggar
bakal di kei poin 20.”
Ana : “Niku poine paling pol nganti pinten poin Bu?
Ita : “Nganti 150 poin nok , nek wes 150 poin muridee iku bakal di
mentukake saka seklahan.”
Ana : “Oh mekaten bu. Wah kula matursuwun banget kaleh Ibu saking
Informasinepun Bu.”
Ita : “Nggeh nok.”
Ana : “Assalamualaikum Bu.”
Ita : “Waalaikumsallam.”
tanpa saya rubah rubah semoga tidak ada yang salah, jika masih ada kata kata yang salah saya juga manusia yang pasti bisa salah juga , terimakasih ^_^
bisa blajar bahasa jawa lagi nih. thank u matur nuwun artikel nya
BalasHapus